Sesorah
Tema: Peran Generasi Muda dalam Menghadapi
Tantangan Zaman dan Krisis Global
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
A’udzubillahi
minasy syaithanirrajim, bismillahirrahmanirrahim, alhamdulillahi robbil
‘alamin, hamdan watamjidan wasyukran ‘ala ma a’maltalana min dinil Islam
wanushalli wanusallimu ‘alannabiyyil huda warahmatan khatamin nabiyyin, wa’ala
‘alihi washahbihi ajma’in, amma ba’du.
Nuwun,
Bapak lan Ibu Dewan Juri ingkang dahat
kinurmatan,
Rekan lan Rekanita IPNU IPPNU sekabupaten
Pekalongan ingkang kula tresnani,
Mboten supe rencang-rencang peserta Lomba
Sesorah ingkang kula kurmati.
Kangge purwakaning atur, sumangga kula lan
panjenengan sami tansah ngunjukaken puja lan puji syukur wonten ing ngersa
dalem Allah SWT, amargi kanthi limpahan nikmatipun, kula lan panjenengan saged
rawuh wonten ing majlis ingkang barokah punika saperlu nderekaken salah
satunggalipun adicara Porseni IV PC IPNU IPPNU Kabupaten Pekalongan inggih
punika Lomba Sesorah kanthi sehat wal afiyat, wilujeng nir sambikala.
Shalawat saha salam mugiya tansah kaatur
dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, biqaulina allahumma shalli
‘ala sayyidina wamaulana Muhammad wa ‘ala ‘ali sayyidina Muhammad. Mugiya
kanthi waosan shalawat punika saged ndadosaken sebabipun kula lan panjenengan
sami wilujeng dunya dumugi akhirat, amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing wekdal punika keparenga kula badhe matur
sekedhik babagan peran para mudha ingdalem ngadhepi tantangan jaman lan krisis
global. Kados punapa ingkang kula lan panjenengan mangertosi bilih ing jaman
punika sedaya sampun sami canggih, badhe ngersakaken punapa kemawon sarwa
gampil. Punapa malih wekdal punika sampun mlebet jaman globalisasi ing pundi
sampun boten wonten malih wates-wates antar negara. Pramila kula lan
panjenengan bebas badhe maring pundi kemawon.
Ananging para rawuh ingkang minulya,
Sedaya kala wau ugi ngasilaken pengaruh
ingkang boten sae tumprapipun para mudha, ing pundi saged kitha pirsani
kawontenan pergaulan para mudha jaman sakniki sampun sami tebih saking agami,
putra-putri boncengan pun dados perkara lumrah, langkung parah malih menawi
wonten ingkang mboten purun pasang-pasangan malah dianggep aneh. Ditambah malih
mabuk-mabukan, ekstasi, pornografi, lan sapanunggale ugi sampun dados konsumsi
padinan ing televisi, Masya Allah...
Menawi sampun kados niki, banjur pripun?
Kahanan sampun morat-marit mboten genah, iman sangsaya tipis, moral sangsaya
bejat, langkung parah malih raos-raosipun ugi sampun mboten wonten perhatian
saking para sepuh dhumateng para mudha. Piweling ingkang nalika alit tansah
dipun aturaken saben dinten, pun mboten wonten malih gaunge. Sedaya sami owah
lan bubrah, mboten genah lah... Masya Allah...
Rekan lan Rekanita IPNU IPPNU sekabupaten
Pekalongan, kula badhe tanglet dhateng panjenengan sedaya. Panjenengan sedaya
minangka generasi mudha Indonesia tha? Ditambah malih wonten embel-embel IPNU
IPPNU, putra wayahe Almukarram Mbah Yai Hasyim Asyari, punapa mawon ingkang
sampun kula lan panjenengan lampahi saperlu ngadhepi tantangan niki?
Kula badhe ngajak dhateng panjenengan sedaya,
sumangga wiwit sakpunika kula lan panjenengan sami ningkataken iman lan taqwa,
lajeng langkung temen anggenipun ngudhi kawruh, langkung aktif ingdalem
organisasi IPNU IPPNU khususipun, mboten namung nderek-nderek tanpa dhasar,
ananging ugi mangertosi babagan kang awrat saking organisasi kitha. Sumangga kitha tingkataken kualitas dhiri
saengga kitha dados mudha ingkang kuwat ingkang saged njawab tantangan jaman
lan ugi saged ngatasi krisis ingkang sampun mengglobal.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi
wonten ingkang leres punika sedaya saking pitedahipun Allah SWT, dene sedaya
kalepatan punika saking cingkrange ilmu lan pepeka kula. Mugi-mugi Gusti Allah
Ingkang Murbeng Dumadi paring pangapunten dhateng sedaya dosa kula
lanpanjenegan sami, amin.
Wallahulmuwafiq
ilaa aqwamith thariq.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.