Rabu, 03 Oktober 2012

Syi'iran Gusdur


            Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji marang Pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan
           
Duh bolo konco prio wanito
            Ojo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
            Tembeh mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur’an Hadist-e
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatekke
Yen isih kotor ati akale

            Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto

Ayo sedulur joh nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhid-e
Baguse sangu mulyo matine

            Kang aran sholeh bagus atine
            Kerono mapan sari ngilmune
            Laku toreqot lan ma’rifate
            Ugo hakekot manjing rasane

Al-Qur’an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo
            Kumantil ati lan pikiran
            Mrasuk ing badan kabeh jerohan
            Mukjizat Rosul dadi pedoman
            Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh Kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadho-i
Dzikir lan sulur jo nganti lali

            Uripe ayem rumongso aman
            Dununge roso tondo yen iman
            Sabar narimo najan pas-pasan
            Kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelwan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo gok sio
Iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito

            Ayo nglakoni sakabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
            Senajan asor toto dhohire
            Ananging mulyo maqom drajate

Lamun palasto ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suargo manggone
Utuh mayite ugo ulese




Tidak ada komentar:

Posting Komentar