Minggu, 30 Juni 2013

Peran Generasi Muda dalam Menghadapi Tantangan Zaman dan Krisis Global



Sesorah
Tema: Peran Generasi Muda dalam Menghadapi Tantangan Zaman dan Krisis Global


Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
A’udzubillahi minasy syaithanirrajim, bismillahirrahmanirrahim, alhamdulillahi robbil ‘alamin, hamdan watamjidan wasyukran ‘ala ma a’maltalana min dinil Islam wanushalli wanusallimu ‘alannabiyyil huda warahmatan khatamin nabiyyin, wa’ala ‘alihi washahbihi ajma’in, amma ba’du.

Nuwun,
Bapak lan Ibu Dewan Juri ingkang dahat kinurmatan,
Rekan lan Rekanita IPNU IPPNU sekabupaten Pekalongan ingkang kula tresnani,
Mboten supe rencang-rencang peserta Lomba Sesorah ingkang kula kurmati.

Kangge purwakaning atur, sumangga kula lan panjenengan sami tansah ngunjukaken puja lan puji syukur wonten ing ngersa dalem Allah SWT, amargi kanthi limpahan nikmatipun, kula lan panjenengan saged rawuh wonten ing majlis ingkang barokah punika saperlu nderekaken salah satunggalipun adicara Porseni IV PC IPNU IPPNU Kabupaten Pekalongan inggih punika Lomba Sesorah kanthi sehat wal afiyat, wilujeng nir sambikala.
Shalawat saha salam mugiya tansah kaatur dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, biqaulina allahumma shalli ‘ala sayyidina wamaulana Muhammad wa ‘ala ‘ali sayyidina Muhammad. Mugiya kanthi waosan shalawat punika saged ndadosaken sebabipun kula lan panjenengan sami wilujeng dunya dumugi akhirat, amin.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing wekdal punika keparenga kula badhe matur sekedhik babagan peran para mudha ingdalem ngadhepi tantangan jaman lan krisis global. Kados punapa ingkang kula lan panjenengan mangertosi bilih ing jaman punika sedaya sampun sami canggih, badhe ngersakaken punapa kemawon sarwa gampil. Punapa malih wekdal punika sampun mlebet jaman globalisasi ing pundi sampun boten wonten malih wates-wates antar negara. Pramila kula lan panjenengan bebas badhe maring pundi kemawon.
Ananging para rawuh ingkang minulya,
Sedaya kala wau ugi ngasilaken pengaruh ingkang boten sae tumprapipun para mudha, ing pundi saged kitha pirsani kawontenan pergaulan para mudha jaman sakniki sampun sami tebih saking agami, putra-putri boncengan pun dados perkara lumrah, langkung parah malih menawi wonten ingkang mboten purun pasang-pasangan malah dianggep aneh. Ditambah malih mabuk-mabukan, ekstasi, pornografi, lan sapanunggale ugi sampun dados konsumsi padinan ing televisi, Masya Allah...
Menawi sampun kados niki, banjur pripun? Kahanan sampun morat-marit mboten genah, iman sangsaya tipis, moral sangsaya bejat, langkung parah malih raos-raosipun ugi sampun mboten wonten perhatian saking para sepuh dhumateng para mudha. Piweling ingkang nalika alit tansah dipun aturaken saben dinten, pun mboten wonten malih gaunge. Sedaya sami owah lan bubrah, mboten genah lah... Masya Allah...
Rekan lan Rekanita IPNU IPPNU sekabupaten Pekalongan, kula badhe tanglet dhateng panjenengan sedaya. Panjenengan sedaya minangka generasi mudha Indonesia tha? Ditambah malih wonten embel-embel IPNU IPPNU, putra wayahe Almukarram Mbah Yai Hasyim Asyari, punapa mawon ingkang sampun kula lan panjenengan lampahi saperlu ngadhepi tantangan niki?
Kula badhe ngajak dhateng panjenengan sedaya, sumangga wiwit sakpunika kula lan panjenengan sami ningkataken iman lan taqwa, lajeng langkung temen anggenipun ngudhi kawruh, langkung aktif ingdalem organisasi IPNU IPPNU khususipun, mboten namung nderek-nderek tanpa dhasar, ananging ugi mangertosi babagan kang awrat saking organisasi kitha.  Sumangga kitha tingkataken kualitas dhiri saengga kitha dados mudha ingkang kuwat ingkang saged njawab tantangan jaman lan ugi saged ngatasi krisis ingkang sampun mengglobal.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mekaten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten ingkang leres punika sedaya saking pitedahipun Allah SWT, dene sedaya kalepatan punika saking cingkrange ilmu lan pepeka kula. Mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi paring pangapunten dhateng sedaya dosa kula lanpanjenegan sami, amin.
Wallahulmuwafiq ilaa aqwamith thariq.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar